Berdamai dengan hati, nafsu dan logika itu susah. Tapi siapa pula yang bilang mudah?
Berdamai dengan nafsu, harus menjawab banyak pertanyaan tentang keinginan, ketidak inginan. Galau gelisah, kadang ingin kadang tidak. Kenapa ingin kenapa tidak? Kalau ingin karena begini kalau tidak karena begitu. Lantas? Panas, lantas resah.
Berdamai dengan logika, memaksa kita berfikir kalau iya akibatnya apa? Kalau tidak resikonya apa? Bagaimana kalau begini bagaimana kalau begitu? Mampukah menanggung semua resiko? Lalu pusing, bingung, ragu.
Berdamai dengan hati, lebih pada tanggung jawab, kebergunaan, kemanfaatan, moral. Lalu hanya bisa diam istigfar, istigfar lagi, lagi dan lagi.. sampai tenang, sampai tidak bergejolak lagi, sampai tidak sakit lagi, sampai dendam pun sirna, sampai mulut mampu menyunggingkan senyum. Bismillah...
Monday, 10 September 2018
Berdamaj
Monday, 26 February 2018
Kenangan Lawas
Sakjane aku pengen nglalekke kejadian iki. Wis suwe ma taun taun, ning embuh kenapa kok sak wayah-wayah kelingan. Dudu kejadian horor opo meneh kejadian lucu, tapi kejadian iki isih marai atiku kepiye ngono..
Wektu kui aku ro konco kuliahku sisan nunggu jadwal praktikum maem neng kantin KOPMA. Jaman kui kantine isih cilik ora koyo saiki sik wis dadi foodcourt. Kantin iki lumayan favorit soale murah tur menune lumayan variatif. Ning yo kui antrine duowooo... Opo meneh bangunane dadi siji karo gelanggang, akeh mahasiswa sik berkegiatan ng kono. Lumayan lah, maem ng kono iso oleh sawangan juga.
Pas antri, koncoku diceluk karo kancane. Aku melu mengo, ono cewek ayu mesem karo nyapa kancaku. Ning perhatianku ora ng cewek kui, ng sandinge ono mas mas lagi ngobrol seru karo sik antri mburine. Kok aku koyo kenal. Tapi ono sik aneh, nek bener mas kui, ketoke ra mungkin nek ngobrol seru ngono karo uwong di tempat umum, karo cewek meneh. Perasaanku wis ra penak. Rasane nyesek. Kok bedo karo sik tak kenal sak suwene iki.
Bar mbayar aku ro kancaku lingguh, aku wis ora selera karo pecel neng ngarepku. Tambah meneh rombongan kui lingguh semejo. Oalaaah.. Gek mas kui lungguh ng ngarepku. Rasane ilatku kelu ora iso mamah. Aku meneng wae sementara konco sak mejoku ruame le guyon. Iki kuwalik karo biasane, biasane aku ro konco-konco sik cerewet trus mas kui sik anteng meneng, komentar sak perlune, nek perlu rasah omong. Aku shock.
"Mbak e iki koncomu kuliah?" tiba tiba ono sik nakokke aku. Koncoku trus memperkenalkan aku.
"Apa kabar?" mas kui takon ro aku.
"Baik Mas."
"Lho, wis kenal?"
"Uwis lah, iki adik kelasku SMA."
"Kok iso kenal? Kamu lulus dia masuk lho." konco koncone ribut. "Nek mbake kenal koe wajar, kakak kelas, tp nek koe kenal... Hmmmm...."
Aku mik iso ngguyu bingung kudu njawab piye, terakhir ketemu wis 2 tahun lalu pas ono kegiatan neng sekolah, mas kui teko nglatih aku ro konco-koncoku arep lomba. Bar kui wis ora tau ketemu meneh. Mas kui ngilang blas ora ono kabare. Nek aku telpon omahe mesti ra ono lan ora nate telpon balik. Aku mik pasrah, omahe ngendi we aku ora ngerti. Nek ketemu ng sekolah po ng omahku.
"Ada kegiatan sekolah yang melibatkan alumni," akhire aku njawab ngono.
Koncoku wis mulai curiga, deknen ngerti kabeh critoku. Tapi aku meneng wae. Aku isih shock. Nganti rampung maem aku ora melu ngobrol, mas kui bola bali namatke aku. Ping pindo ngakon aku maem. Tapi tetep aku ra doyan maem.
Atiku nyesek ndelokke keakrabane mas kui karo cewek cewek koncone. Aku ora kenal karo wong sik neng ngarepku kui. Dudu wong sik tak kenal sak suwene 4 tahun iki. Sorot mripat, corone ngguyu, corone guyon, pilihan kata, walikan karo sik tak kenal. Opo aku sik salah menilai? Embuh lah, aku wis raiso mikir. Mik iso ngrasakke lara neng atiku.
Akhire aku ro koncoku pamit arep praktikum. Tekan njobo kantin koncoku nakokke sopo mas kui mau. Aku meneng wae. Mesti deknen wis iso ndugo sopo.
Tekan parkiran ternyata mas kui nyusul. Tapi durung nganti ketemu ono kancane sik nyegat. Cepet-cepet aku njupuk motor trus lunga. Mas kui ngobrol ro koncone tapi mripate ngawasi aku terus ngono jare koncoku. Aku ra peduli. Aku mik pengen ndang lungo seko kono.
Ternyata koyo ngono. Ternyata aku mik dipermainkan. Ternyata aku ki dudu sopo sopo kanggo deknen. Ternyata leh ku ngenteni, leh ku setia rong taun sia-sia. Ra ono artine. Aku lagi sadar yen aku ki bodone nemen. Rong taun! Hyungalaaaahhh.... Konco konco cerakku wis ngandani bola bali tapi ra tak gubris. Yo iki oleh olehane.
Bodone aku, bar kejadian kui aku isih ngarep arep mas kui teko ng omahku, goleki aku mbuh piye carane. Nek niat ketemu mesti iso. Tapi yo ora ki. Sepisan we deknen ora ono usaha nemoni aku. Cen kisahku wis berakhir tenanan.
Ketemu meneh karo mas kui pas aku ro konco koncoku dodolan kembang wisuda neng GSP. Mas kui metu seko GSP nganggo toga, ning mik dewean ora ono sik ngancani. Mas kui ngadeg meneng wae karo ndelokke aku. Nah pas kui aku ngenali deknen koyo sik tak kenal biyen, ekspresi, tatapan, lan sikap. Bedo karo sik aku ketemu neng kantin KOPMA. Aku mesem nyopo. Deknen yo mesem. Aku nyawang kembang mawar neng tangane.
"Aku duluan ya.." deknen pamit. Aku mik ngangguk. "Selamat mas." Deknen mesem karo mlaku lungo.
Nah, kui terakhir aku ketemu karo mas kui. Nganti saiki ora nate ketemu meneh. Embuh kepiye kabare saiki. Pas internet mulai akrab karo keseharianku, kolo kolo aku iseng googling jeneng lengkap e. Tapi ora nate nemu. Mas kui ngilang tekan saiki.

Subscribe to:
Posts (Atom)